Pengunjung Online

Saturday, November 4, 2017

Makam Pangeran Sumedang (Rangga Gempol 1) di Jogja dan Kendal Jateng

MAKAM KANJENG PANGERAN SUMEDANG
 / RANGGA GEMPOL 1 
(Leluhur Sukapura Tasikmalaya)

 
Lokasi Daerah 1 (Jogjakarta)
Pesarean Kanjeng Pangeran Sumedang dumunung wonten ing pesarean Widara Manis ing jalan krasak nomer 6 kampung Kota Baru Kecamatan Gondokusuman Kitha Yogyakarta. Ingkang Sumare wontên ing pesarean punika wonten pitu, selain Panjenenganipun Kanjeng Pangeran Sumedang wonten Poro Priyagung lintunipun antawisipún
1. Kanjeng Pangeran Banyak Wide
2. Kanjeng Pangeran Warga Pati
3. Kanjeng Pangeran Sawunggaling
4. Kanjeng Adipati Ganduruhan
5. Kanjeng Ratu Bêruk lan
6. Kanjeng Raden Ayu Sekar Tanjung

Kacarita bilih Kanjeng Pangeran Sumedang Punika kalebet prajuritipun Sinuwun Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma, Panjenenganipun dipun wisudha dados Senopati Mataram ingkang asal usulipun saking Sumedang, ingkang asmanipun asli Raden Suryadi Wangsa putra saking Kanjeng Prabu Geusan Ulun, Panjenenganipun ngasta bupati Sumedang nalika tahun 1601-1625 M kanthi asma Pangeran Gempol I.

Panjenenganipun kalebet Senopati Mataram ingkang Pinunjul ,pilih tandhing, digdaya lan sekti Mandraguna mila lajeng kapitados dados Senopati, mandegani Prajurit Mataram wonten ing paprangan ing Bang Wetan. Saking digdayanipun Kanjeng Pangeran Sumedang kenging dipun wastani Mboten saged Pralaya, saben saben dipun Prasaja temtu gesang malih, ngantos dadosaken repotipun pihak mengsah (Kumpeni) lan ngantos kewalahan. Pihak Kumpeni lajeng pados cara supados saged merjaya Kanjeng Pangeran Sumedang. Salah satunggaling prajurit lan penderekipun Kanjeng Pangeran Sumedang ingkang khianat, nerangaken bilih Pangeran Sumedang Mboten saged Pralaya menawi Jasadipun Mboten dipun sareakan sak cara dipun pisah, Mila akhiripun jasadipun dipun pisah dados tigang bagian. Gembungipun dipun sareakan wonten ing pesarean widara Manis, mustakanipun dipun sareakan wonten ing pesarean Blunyah lan sukunipun dipun sareakan wonten ing pesarean Lempunyangan. Wonten setunggal Riwayat sanes mratelakaken bilih Gembungipun dipun sareakan wonten ing Lempunyangan, mustakanipun dipun sareakan wonten ing Widara Manis lan sukunipun dipun sareakan wonten ing Nitikan.

WallahuA'lam.





 Lokasi Daerah 2 (Kendal Jawa Tengah

MAKAM PANGERAN SUMEDANG

LOKASI DI SEMPU SELO KATON SUKOREJO KENDAL JAWA TENGAH





Sumber :
Gus Irfan (Elmardanuzie)

No comments:

Post a Comment